Minggu, 28 Juni 2009

Atur Pambuko


 Serat Sara Silah Trah Bandoro Pangeran Harya Suronegoro, 
Mataram - Kartosuro

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarakatuh, saha
salam pambagiyo kawilujengan dumateng kito seadaya,

Ingkang sakawit , ambangun serat silsilah dipun wiwiti saking Trah Kanjeng Sultan Demak Bintoro dumugi Bandoro Pangeran Harya (BPH) Suronegoro ngantos saklanjengipun dumugi Trah R Ngabei Sontoturonggo ( tuwin saksederak sanesipun ), ingkang nurunaken dhumateng Raden Suwito, jumeneng Panegar Gamel Prajurit Kasunanan Surakarta Hadiningrat, nama gelar Raden Ngabei Talikepuh.
Katur wuninga bilih serat Serat Sara Silsilah / Silsilah punika karawit malih, sarta kataliti kanti karembag sarana anjang sana, ngudi katata malih saha kinaronce miturut cara ingkang saged damel anggampilaken dhumateng ingkang maos. Sayekti ugi ngudi pangukuhipun dening para_pinisepuh, putra wayah, family kanti pangajeng-ajeng sagedta dados pustaka Silsilah ingkang leres.


Rikala sugengipun para pini-sepuh / leluhur serat silsilah punika dipun uri-uri / dipun gulo wentah ingkang kasalirani (Trah R Ng Talikepuh) suwargi (1) Raden Sukohardjo Hamungrahardjo, (2) suwargi Raden Murtidjo, punika ingkang pidalem ing Kedunglumbu Sala, ugi (Trah R Ng Wirosarojo) panjenenganipun suwargi Raden Sunardi Darmo Saroyo ( arupi seratan buku, dados tanggal o6 Juni 1988 ), pidalem ing Geger Kalong, Bandung .

Raden Sunardi Darmosaroyo
  
 Saklajengipun ndungkap paripurnaning diagram Serat Sara Silah kabiyantu dening suwargi: Raden Mas Tumenggung Sumantri Hendrodipuro, ing dinten Jumm,at Pon tanggal kaping 3 wulan Sapar warsa Je 1926 windu Sancaya wuku Kuratil pranata mangsa : I; utawi tanggal kaping 23 Juli1993; Inggih punika dipun jangkepi miturut trah Kanjeng Sultan Demak dumugi Trah Sontoturonggo ingkang anurunaken Trah Keturunan Raden Ngabei Talikepuh miturut Pustaka ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, ngagem pustaka ing Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
Pinangka nglestantunaken serat silsilah punika ing tanggal 18 April 2003 kalajengaken dening H.R. Widodo AS., putra mantu Raden Donohardjo (putra R Talikepuh nomor 7(pitu), kanti pambiyantu family. Katur photo para pengrawit silsilah :

      Serat  sara silah tetilaranipun para pini-sepuh ugi para leluhur ingkang dados warisan utawi wasiat,  ing ngajeng kita aturaken punika, kanti panyuwun kawigatosanipun para sederek / keluarga sedarah, dumuginipun kekerabatan, nyengkuyung nguri-uri Serat Sara Silah punika, ing tembe sampun ngantos pupus riwayatipun. Serat Sara Silah, sakmangke sampun kita rawit, sarta kataliti kanti karembag sarana anjang sana, anyarengi ngrembakanipun keluarga engga sak mangke,  Kaserat ugi dipun unggah ing internet , inggih punika ngagem / ngginakaken:

1. Program Microsoft Visio 2007 (kagem pustaka dokumen ingkang kaserat ( hard copy)
2. Website ing situs Wiki Pedia ing situs rodovid: http//www/id.rodovid.org/wk/Halaman-utama (program web site struktur silsilah ingkang kanti data Trah/Keturunan, versi Bahasa Indonesia ugi saged akses langsung ing Google ). Pramila meniko anggampilaken madosi silsilah kanti nulis nami kemawon. (struktur silsilah + photo)
3. Website ing situs GENI, http://www.geni.com/Family-tree (struktur silsilah + photo & album keluarga)
4. Website ing situs BLogspot : http://www.bloger.blogspot.com ingkang kaserat : Pambuka Serat Sara Silah utawi dongeng Leluhur_dongeng dongeng ingkang migunani tumerap wawasan bab luluhur kagem putera wayah.

     Ing wusana kawulo kanti manah ingkang legawa, nyuwun dumateng para kekerabatan saking Trah Keluarga ingkang kagungan Pakem Serat Sara Silah ing pundi kemawon, tasih gegayutan Trah BPH Suronegoro, kersaa tansah peparing informasi kanti sarana serat / email / SMS / Telpon) dumateng HR Widodo AS alamat Karah Indah Blok N-17, urabaya 60232, Telp: 031-8284031, utawi e-mail: r.widodo@gmail.com, HP: 08123532640 ;
Pinaringanipun pambiyantu, utawi saran saking sedaya keluarga sedarah, kekerabatan, sakderengipun kawulo ngaturaken gunging panuwun kawigatosaipun, kangge kemajengan perkembangan serat sarasilah/silsilah punika. Atur penutup katur Salam dumateng keluarga sedaya.

Salam Taklim Kawulo, Wass
Catetan :
HR Widodo AS punika putra mantu suwargi Raden Donohardjo (trah Raden Ngabei Talikepuh) ingkang pikantuk putri pambajeng Hajjah Sri Lestari Handayani (Ganco) saking Trah Kromodjayan Mojokerto.
Data Silsilah Trah Sultan Trenggono Demak Bintoro Situs Rodovid dipun up dating malih ing November 2009;

8 komentar:

  1. mohon maaf sbelumnya,bila tidak keberatan saya ingin mengetahui silsilah R.NG Honggokusumo,ingkang sumare di Desa Sambiroto,Sooko,Mojokerto,mungkin Bapak bisa memberi silsilahnya,karena berdasar riwayat dari ayah saya bahwa Mbah Honggo yang di masa hidupnya di panggil dengan nama "Mbah Mbehi " tersebut berasal dari keraton Solo.Matur suwun

    BalasHapus
  2. Terima kasih atas perhatiannya; Untuk silsilah R.NG Honggokusumo; Maaf saya tdk tahu persis, dan tidak berani sembarangan memberikan ancer ancer, karena yang disebut mbah BEI banyak sekalidi Sala itu sebagai sebutan dari putra wayah kepada Ingkang Sepuh; Untuk lebih mendapat penjelasan yang pasti saya sarankan ke Radya Pustaka Surakarta di Taman Sriwedari; atau ke Pura Mangkunegara di Sala; ( sebab yang panjenegan sebut kraton Solo itu ada dua ( Karaton Surakarta Pakubuwana & Karaton Mangkunegara ), mohon maaf jika tdk banyak membantu, dan terlambatnya menjawab; Wassalam

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  4. Selamat malam..keluarga besar dr ayah saya memiliki catatan pohon keluarga 90% rapi dan menyebutkan nama Suronegoro1,2 dan Pakubuwono hingga garis keturunan terakir saat ini,kami banyak berdomisili di malang selatan,pembuka lahan desa kristen Sitiarjo.saya tertarik mengetahui lebih dalam lagi profil Suronegoro.trimakasih

    BalasHapus
  5. Selamat sore pak, kalau tidak keberatan mungkin bapak ngerti dari jalur mana canggah saya yang bernama Singo Lesmana (nama aslinya tidak tahu)kata mbah buyut masih keturunan kraton Surakarta dan mantan pasukan pangeran Diponegoro, sekarang makamnya di desa Jatirejo Gringging Kediri

    BalasHapus
  6. Selamat sore pak, kalau tidak keberatan mungkin bapak ngerti dari jalur mana canggah saya yang bernama Singo Lesmana (nama aslinya tidak tahu)kata mbah buyut masih keturunan kraton Surakarta dan mantan pasukan pangeran Diponegoro, sekarang makamnya di desa Jatirejo Gringging Kediri

    BalasHapus
  7. Mohon maaf,mau bertanya, dri kasunanan surakarta, apa ada yg keluar tembok istana trs ke daerah tuban wa timur??

    BalasHapus
  8. Assalaamu'alaikum Wr.Wb.
    Adakah yang mengetahui asal muasal dan silsilah Demang Wiroguno yang dimakamkan di desa Kayunan,Kecamatan Soko.Tuban..?
    Trims._/\_

    BalasHapus